Ayub 36
Elihu calathu maneh, tembunge:
“Sing sabar sadhela engkas, kowe arep dakwulang,
awit isih ana kang arep dakkandhakake atas asmane Gusti Allah.
Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluk
sarta mbenerake kang nitahake aku;
awit sanyata ora goroh tembungku,
kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.
Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake,
prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.
Wong duraka ora padha dilestarekake urip,
nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.
Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener,
nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar,
satemah padha linuwih kaluhurane.Manawa padha kablenggu kalawan rante
tinalen ing kasangsaran,
Gusti Allah banjur ngengetake marang panggawene
lan panerake, yaiku anggone gumunggung
sarta nuli kupinge kawengakake supaya bisa nampani piwulang,
tuwin dhawuh supaya padha ngungkurake piala.
Manawa padha ngrungokake kalawan sumuyud,
uripe bakal sinandhangan ing kabegjan ing salawase,
sarta mukti nganti tekan ing wekasaning taune.Ewasamono manawa padha ora ngrungokake
mesthi bakal padha mati kena ing tumbak
sarta sirna ing sajroning kabodhoane.Para wong kang atine duraka iku padha nyimpen bebendu;
lan ora gelem sesambat manawa kablenggu dening Panjenengane;
nyawane sirna sajrone isih enom,
uripe cuthel durung wancine.
Wong sangsara diuwalake sarana sangsara,
kupinge kawengakake sarana panindhes.
Kowe uga karimuk bisane metu saka ing karupekan
menyang ing papan kang omber kang sepi ing panindhes,
marang meja kang swasanane tentrem lan kang kebak pangan kang nggajih.Nanging kowe wus samesthine tampa kabeh paukumane wong duraka,
kowe kacengkerem dening paukuman lan kaadilan;
panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada,
lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.
Apa kasugihanmu bisa nguwalake kowe saka ing karupekan,
utawa sakehing kakuwatan anggonmu rekasa?
Aja cecengklungen marang bengi
wancine para bangsa padha lunga saka ing papan padunungane.
Kowe sing ngati-ati aja nganti madhep marang piala
amarga iya iku kang njalari kowe kacoba dening sangsara.
Sanyatane Gusti Allah iku luhur pangwasane,
endi ana guru kang madhani Panjenengane?
Sapa kang nemtokake margine,
lan sapa kang wani munjuk: Paduka sampun tumindak boten adil?
Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane,
kang tansah dikidungake dening manungsa.
Kabeh wong padha ndeleng,
anggone mandeng saka ing kadohan.
Sanyata Gusti Allah iku agung, ora kena kagayuh kalawan kawruh kita,
cacahing taune ora bisa kasumurupan.
Tetes-tetesing banyu katarik munggah,
lan mancur dadi udan awor pedhut,
kaesokake dening mendhung ing awang-awang
kasiramake marang wong akeh.
Apa ana wong kang mangreti jumerenging mendhung
lan swara gumuruh kang ana ing padalemane?
Lah Panjenengane nggelar pepadhange ing sakubenge
lan ngemuli dhasaring sagara.
Awitdene iku margane anggone ngadili para bangsa
lan anggone paring pangan nganti luber.
Astane sakarone kasingeban ing kilat
kang kadhawuhan nyamber kang kudu tinempuh.
Suraking perang martakake rawuhe
yaiku manawa banget-banget anggone merangi kadurakan kalawan bebendu.”