Hagai 2
(2-2) ing sasi kapitu, tanggal ping selikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, mangkene:
(2-3) “Sira ndhawuhana marang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta marang para wong kekarene umat, mangkene:
(2-4) Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira?
(2-5) Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.
(2-6) Ingsun netepi prasetya kaya kang wus Sunjanjekake marang sira nalika sira metu saka ing tanah Mesir, lan RohingSun tetep ana ing tengahira. Sira aja wedi!
(2-7) Sabab pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, mangkene: Ora antara lawas nuli Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, sagara lan dharatan.
(2-8) Karomaneh sakehe bangsa bakal padha Sunoregake, satemah sakehe raja-branane bakal digawa mrene, sarta Padaleman iku bakal Sunkebaki ing kamulyan. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.
(2-9) Sarupane salaka iku kagunganingSun, lan sarupane mas iku iya kagunganingSun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi --.
(2-10) Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu --. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.”
(2-11) Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane:
(2-12) “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam.
(2-13) Saupama ana wong kang nggawa daging suci ana ing pojoking jubahe, mangka pojoking jubah mau nggepok roti utawa olah-olahan, anggur utawa lenga lan sadhengah apa kang kena dipangan, apa kang kagepok iku iya dadi suci?” Wangsulane para imam: “Boten.”
(2-14) Pangandikane Nabi Hagai maneh: “Wong kang najis marga dening jisim saupama kagepok kabeh iku mau, kang kagepok apa iya dadi najis?” Wangsulane para imam: “Inggih dados najis!”
(2-15) Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.”
(2-16) “Mulane saiki, sira padha nggatekna wiwit ing dina iki lan sateruse! Sadurunge wong masang watu siji-siji kanggo mbangun Padalemane Sang Yehuwah,
(2-17) kapriye kaananira? Nalika ana wong niliki tumpukan gandum kang kehe kudune rongpuluh taker, mangka katemu mung ana sapuluh; utawa nalika niliki pamipitan anggur arep nyidhuk seket taker, mangka mung oleh rongpuluh.
(2-18) Ingsun wus nggebag marang sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh sarta kalawan udan krikil sakehe gegaweaning tanganira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
(2-19) Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse --, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna
(2-20) apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.”
(2-21) Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane:
(2-22) “Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi,
(2-23) sarta bakal ngrubuhake dhampare para ratu lan nyirnakake pangwasane karajane para bangsa, sarta ngrusak sakehe kreta dalah kang padha nunggangi; jaran lan kang nunggangi bakal padha ambruk mati, marga saka pedhange kancane.
(2-24) Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing dina iku, he Zerubabel bin Sealtiel abdiningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sira bakal Sunpundhut, Sundamel kaya upamane ali-ali cap; sabab sira kang Sunpilih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.”