Hosea 12
(12-2) Efraim iku njaga angin,
lan mburu angin wetan sedina muput,ngakehake tindak cidra lan panganiaya,
padha gawe prajanjian karo Asyur,
lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.(12-3) Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda,
lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe,
sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.(12-4) Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,
sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.
(12-5) Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,
kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,
lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:(12-6) -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah,
kang asma Yehuwah. --
(12-7) “Sira iku kudu mratobat marang Allahira,
netepana katresnan lan angger-angger,
sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”(12-8) Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra,
lan kang seneng memeres,
(12-9) pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih,
wus oleh raja-brana.Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputan
kang ateges dosa tumrap aku.”(12-10) Nanging Ingsun iki Yehuwah,
Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir.Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub maneh
kaya ing dina-dina riyaya.(12-11) Ingsun mangandikani para nabi,
sarta wus paring wahyu bola-bali
apadene paring pasemon lumantar para nabi mau.(12-12) Manawa ing Gilead ana kadursilan,
wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna;ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang,
mulane misbyah-misbyahe uga
padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan.(12-13) Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram,
Israel ngenger supaya oleh bojo,
malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku.(12-14) Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir,
malah banjur direksa dening nabi.
(12-15) Efraim wus gawe gerahing panggalihe Pangeran kang banget,
temah Gustine bakal nglestarekake anggone katempelan utang getih,
sarta bakal paring piwales tumrap ing cacade.