Hosea 2
(1-12) Para sadulurira lanang padha sira kandhanana: “Ami!”, lan marang sadulurira wadon: “Rukhama!”
(2-1) “Biyungira lapurna, iya lapurna,
awitdene iku dudu garwaningSun,lan Ingsun iki dudu kakunge;konen mbuwang panyundele saka ing raine,lan anggone laku jina saka ing selaning susune,(2-2) supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda,
Sundadekake padha kaya ing nalika laire,Sundamel kaya pasamunan,
Sundadekake kaya tanah mati,
banjur Suntegakake nganti mati kasatan.(2-3) Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi,
awitdene iku padha anak sundel.
(2-4) Marga biyunge dadi sundel;
kang ngetengake wus nindakake kanisthan,awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku,
kang aweh roti lan banyu pangombenku
kain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.(2-5) Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri,
sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng,
satemah ora bisa nemu dalan-dalane.(2-6) Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane,
nanging ora bakal kecandhak,sarta arep nggoleki para bedhangane iku,nanging ora ketemu.Temah banjur bakal ngucap: Dakbali
ngulihi bojoku jaka-lara,marga kaananku nalika samana luwih kapenaktinimbang karo saiki.(2-7) Nanging dheweke iku ora ngrumangsani
yen Ingsun kang maringigandum, anggur lan lenga,sarta kang ngakehake salakanelan mase kang dianggo gawe reca Baal.(2-8) Mulane Ingsun bakal mundhut baline
gandumingSun ing kala mangsane,lan angguringSun ing saben wektune,apadene ngrampas wol lan lenaningSunkang kanggo nutupi kawirangane.(2-9) Sarta saiki bakal Suneler kawirangane,
ana ing ngarepe para bedhangane,
lan ora ana wong kang bakal ngluwari dhewekesaka ing astaningSun.(2-10) Sakehe kabungahane bakal Sunuwisi
riyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabate
lan sakehe dinane gedhe.(2-11) Ingsun bakal nyirnakake wite anggur lan wite anjir,
kang wus padha diucapake:Iki kabeh paweweh marang aku,
kang diwenehake marang aku dening kekasihku.
Iku bakal Sundadekake alas,lan kewan ing ara-ara bakal mangani iku nganti entek.(2-12) Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dina
nalika nyaosake kurban marang para Baal,sarta nganggo anting-antinge lan kalunge,
tuwin banjur ngetutake para bedhangane
nanging lali marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.(2-13) “Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih,
sarta Sunajak menyang ing pasamunan,
lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine.(2-14) Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana,
apadene Sunparingi lebak Akhorminangka gapuraning pangarep-arep.Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom,kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.(2-15) Ing dina iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --,
Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula,
lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!(2-16) Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira,
banjur ora disebut-sebut maneh.
(2-17) Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian
karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang,apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi.Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi,tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.(2-18) Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase,
lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran,
sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.(2-19) Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu,
satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah.
(2-20) Ing nalika iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --
Ingsun bakal midhangetake marang langit,
lan langit bakal ngrungokake marang bumi.(2-21) Bumi bakal ngrungokake marang gandum, anggur lan lenga,
sarta iku bakal padha ngrungokake marang Yizreel.
(2-22) Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun,
lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama,tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku:Sira iku umatingSun!Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula!”