:

Hosea 6

1

“Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah,

awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal,

lan kang bakal marasake kita;

Panjenengane kang nggebagi kita,

lan iya kang bakal mblebed kita uga.

2

Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh,

ing dina katelune ditangekake,

dadi kita bakal urip ana ing ngarsane.

3

Mulane payo padha tetepungan

lan mbudidaya kanthi temen-temen

supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah,

Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan;

kita bakal dirawuhi patrape kaya udan,

kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”

4

He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira?

He Yehuda, sira bakal Sunkapakake?

Sih-susetyanira kaya pedhu esuk,

kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.

5

Mulane wus padha Sunremuk lumantar para nabi

lan Sunpateni srana pangandikane lesaningSun

lan angger-anggeringSun sumunar kaya pepadhang.

6

Awitdene kang Sunrenani iku sih-katresnan

dudu kurban sembelehan,

lan aluwung milih wanuh marang Gusti Allah

tinimbang karo kurban obaran.

Efraim ora gelem mratobat 7

Nanging wong-wong iku wus nerak prajanjian kaya Adam,

ana ing kono anggone cidra marang Ingsun.

8

Gilead iku nagarane para durjana,

kebak tabet-tabeting getih.

9

Pakumpulane para imam iku

kaya grombolan begal kang ngadhang memangsan,

padha memateni ana ing dalan kang anjog ing Sikhem,

sanyatane, tindak kang nistha kang dilakoni.

10

Ana ing antrane turune Israel Ingsun mirsa pokal-gawe kang nggegirisi;

ana ing kono Efraim padha laku jina

lan Israel wus najisake awake dhewe.

11

He Yehuda, uga sira wus kacadhangan mangsa panen:

Samangsa kaanane umatingSun wus Sunpulihake,

Link: