:

Hosea 8

Rusake Israel iku wohing durakane 1

Ngunekna kalasangka!

Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha;

mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun,

lan mbangkang marang angger-anggeringSun.

2

Padha sesambat marang Ingsun:

“Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”

3

Israel wus mbuwang kang becik,

mulane kareben kaburu dening mungsuh!

4

Wus padha ngadegake ratu,

nanging ora kanthi sarujukingSun.

Padha ngadegake panggedhe,

nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun.

Emas lan salakane dianggo gawe

brahala-brahala kanggo awake dhewe,

mulane padha kasirnakake.

5

He Samaria, pedhetira Suntampik,

bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku!

Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake

6

wong-wong Israel iku?

Iku tukang kang gawe,

sarta iku dudu Allah!

Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.

7

Sarehne padha nyebar angin,

mulane bakal ngeneni prahara;

gandume ora biwa tuwa,

ora metu glepunge;

dene yen ana kang bisa metu,

iku mesthi dientekake dening bangsa liya.

8

Israel wus diuntal;

saiki padha ana ing antarane bangsa-bangsa

kayadene barang tampikan.

9

Wus padha lunga menyang Asyur

prasasat kuldi alas kang ndhewe.

Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan.

10

Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa,

ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku,

temah sadhela engkas bakal padha leren

anggone njebadi raja lan para panggedhe.

11

Lah Efraim wus ngakehake misbyah,

misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.

12

Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang,

nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.

13

Padha seneng saos kurban sembelehan,

padha saos daging lan padha mangan iku;

nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.

Saiki panerake bakal diengeti,

lan dosane bakal kaukum.

Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!

14

Israel wus nglalekake Kang nitahake,

lan wus ngadegake kraton-kraton;

Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa,

nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane,

kang mangsa kadhaton nganti ludhes.

Link: