:

Jabur 108

Pangucap sokur lan pandonga 1

Kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud.

(108-2) Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah,

kawula badhe ngidung, kawula badhe ngrepekaken masmur.

Tangia, heh nyawaku.

2

(108-3) He slukat lan clempung padha tangia!

bangbang wetan arep dakgugah.

3

(108-4) Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yehuwah

saha badhe ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing tengahipun para suku bangsa;

4

(108-5) awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit,

saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega.

5

(108-6) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit,

saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.

6

(108-7) Supados para kekasih paduka sami saged oncat;

mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen,

saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula.

7

(108-8) Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene:

“Ingsun arsa surak-surak;

tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur,

8

(108-9) Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,

Efraim iku tetoponging mastakaningSun,

Yahuda iku jungkating kapraboningSun,

9

(108-10) Moab iku papan pawijikaningSun,

Edom Sununcali trumpahingSun,

lan marga saka tanah Filisti

Ingsun asurak-surak.”

10

(108-11) Sapa kang bakal ngirid aku lumebu marang kutha kang santosa?

Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

11

(108-12) Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula,

sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah?

12

(108-13) Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah,

awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina.

13

(108-14) Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira,

sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita.

Link: