Jabur 140
Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Prabu Dawud.(140-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon,
saha Paduka reksaa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya,(140-3) ingkang sami ngrantam-ngrantam piawon ing salebeting manah,
sarta sadinten-dinten nggosok-gosok supados perang!
(140-4) Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer,
wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. (Selah)
(140-5) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka,
sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula.
(140-6) Tiyang kumingsun kalayan sesidheman sami masangi jiret kawula,
tuwin masang tangsul-tangsul kadadosaken jaring,
sami masangi kala kawula wonten ing sauruting margi.(Selah)
(140-7) Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah,
Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”
(140-8) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula,
Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang.
(140-9) Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka,
sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. (Selah)
(140-10) Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak,
ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.
(140-11) Sami kaesokana ing mawa!
kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih.
(140-12) Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi,
tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai.
(140-13) Kawula sumerep, bilih Pangeran Yehuwah badhe ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes,
sarta badhe mbelani prakawisipun tiyang papa.
(140-14) Saestu para tiyang mursid badhe sami memuji dhumateng asma Paduka,
saha para tiyang jujur sami badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.