:
Pandongane wong kang kaoyak-oyak 1 Kidung piwulang anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing guwa; sawijining donga.
(142-2) Aku nyebut marang Sang Yehuwah kalawan swara sora,
kalawan swara sora anggonku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah.
2 (142-3) Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane,
karubedanku dakaturake marang Panjenengane.
3 (142-4) Manawi manah kawula nglentrih,
Paduka nguningani lampah kawula.
Wonten ing margi ingkang kawula ambah,
tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan.
4 (142-5) Kawula mulat manengen sarta milang-miling,
boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula;
papan pangungsen kawula sampun ical,
boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula.
5 (142-6) Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka,
unjuk kawula: “Paduka punika papan pangauban kawula,
inggih panduman kawula wonten ing nagarinipun tiyang gesang!”
6 (142-7) Paduka mugi karsaa nilingaken pasambat kawula,
amargi kawula sampun lungkrah sanget,
Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula,
amargi kekiyatanipun nglangkungi kawula.
7 (142-8) Kawula mugi Paduka luwari saking pakunjaran
supados sageda ngalembana asma Paduka.
Para tiyang mursid sami badhe ngepang kawula,
manawi Paduka nandukaken kadarman dhateng kawula.