:

Jabur 146

Mung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane 1

Haleluya!

Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!

2

Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip,

Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.

3

Aja kumandel marang para panggedhe,

lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.

4

Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah;

ing dina iku uga kekarepane sirna.

5

Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge,

kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,

6

Panjenengane kang nitahake langit lan bumi,

segara lan saisine kabeh,

kang tetep setya ing salawase,

7

kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes,

kang paring pangan marang wong kang padha keluwen,

Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.

8

Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta,

Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul,

Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.

9

Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca,

bocah lola lan randha padha disantosakake maneh,

nanging dalane wong duraka dienggokake.

10

Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase,

Allahmu, he Sion, turun-tumurun.

Haleluya!

Link: