:
Durakane wong dosa lan sih-rahmate Gusti Allah 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah.
(36-2) Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine;
ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,
2 (36-3) sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe,
nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.
3 (36-4) Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan,
wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.
4 (36-5) Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala,
kang diambah dalan kang ora becik,
sarta ora nyirik piala.
5 (36-6) Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa,
saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.
6 (36-7) Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah,
pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi.
Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.
7 (36-8) Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah!
Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.
8 (36-9) Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka,
sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.
9 (36-10) Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka;
anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.
10 (36-11) Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka,
sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun.
11 (36-12) Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung,
utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka.
12 (36-13) Lah punika para tiyang ingkang nglampahi piawon sami dhawah;
sami kabanting ngantos boten saged tangi malih.