:

Jabur 98

Wektune karahayon wus cedhak 1

Masmur.

Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar,

awit Panjenengane wus nindakake kaelokan;

kaunggulan wus kaangsalake dening panjenengane kalawan astane kang tengen

tuwin baune kang suci.

2

Pangeran Yehuwah wus ngundhangake karaharjan kang saka ing Panjenengane,

sarta wus mbabar kaadilane ana ing ngareping mripate para bangsa.

3

Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel,

sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.

4

He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah,

padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur!

5

Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung,

kalawan clempung sarta lagu kang laras,

6

kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut,

padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah!

7

Segara saisine kareben padha gumuruh,

mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni.

8

Kali-kali cikben padha keplok-keplok,

lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan

9

ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah,

awit Panjenengane rawuh ngadili bumi,

jagad bakal diadili ing sabenere,

tuwin para bangsa kalawan kabeneran.

Link: