:

Maleakhi 4

Bab dinane Pangeran Yehuwah 1

Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia.

2

Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.

3

Sarta para wong duraka iku bakal sira idak-idak, marga bakal padha dadi awu ana ing sangisoring tlapakanira, besuk ing dina kang Suncawisake iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

4

Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.

5

Lah sadurunge teka dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan kang nggegirisi iku, Ingsun bakal ngutus Nabi Elia marang sira.

6

Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.

Link: