:

Mikha 3

Nglawan marang pemimpin lan nabi palsu ing Israel 1

Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta,

he, para panggedhene Yakub,

lan para pemimpine turune Israel.

Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan,

2

he, sira kang padha sengit marang kabecikan

lan dhemen marang piala?

Wong iku padha ngeleti bangsaku

lan mbeseti daginge saka ing balung-balunge;

3

padha mangan daginge bangsaku,

padha ngeleti kulite saka ing badane,

padha ngremuk balung-balunge

lan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali,

lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng.

4

Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah,

nanging ora bakal disembadani.

Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku,

marga ala panggawe-panggawene.

5

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabi

kang nasarake bangsaku,

kang padha ngundhangake tentrem-rahayu,

samangsa oleh kang kena dipangan,

dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme,

banjur ngumumake perang.

6

Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira,

lan dadi peteng tanpa tenungan.

Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge,

sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku.

7

Para wong sidik bakal padha kawirangan,

lan para juru tenung bakal padha kisinan,

kabeh bakal padha nutupi raine,

marga Gusti Allah ora paring wangsulan.

8

Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan,

Rohe Pangeran Yehuwah,

sarta kaadilan lan kasantosan,

kanggo ngelingake marang Yakub bab panerake

lan marang Isarel bab dosane.

9

He, para panggedhene bani Yakub

lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna!

He, sira kang padha ewa marang kaadilan

sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,

10

he, sira kang padha yasa Sion kalawan getih

sarta Yerusalem kalawan daksiya!

11

Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel,

lan para imane anggone mulang marga saka bayaran

para nabine anggone nenung marga saka dhuwit,

mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape:

“Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita!

Kita ora bakal katekan bilai!”

12

Kang iku marga saka sira

Sion bakal diwluku kaya pategalan

lan Yerusalem bakal dadi jugrugan,

sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.

Link: