:

Mikha 5

1

(4-14) Saiki sira kudu ngedegake balowarti;

wong-wong wus padha gawe pager pangepungan kanggo nglawan marang kita;

pipine kang mrentah Israel

digebugi dening wong-wong mau kalawan teken.

Rawuhe Sang Mesih sarta luware Israel 2

(5-1) Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata,

sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda,

saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun,

wong kang bakal ngereh Israel;

kang wus ana wiwit ing jaman purwa,

wiwit ing jaman kuna.

3

(5-2) Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune

wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar,

nuli kekarening para sadulure

bakal padha bali nunggal karo wong Israel.

4

(5-3) Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah,

iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe;

wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem,

marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;

5

(5-4) sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu.

Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita,

sarta ngambah ing tanah kita,

nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan,

malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.

6

(5-5) Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang,

lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan,

sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur

samangsa dheweke lumebu ing tanah kita

sarta ngambah ing tlatah kita.

7

(5-6) Anadene kekarene Yakub bakal

dumunung ing antarane bangsa akeh,

kaya ebun saka Sang Yehuwah,

kaya tetesing udan ing thethukulan,

kang ora njagakake marang wong,

lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.

8

(5-7) Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh,

kaya singa ana ing antarane sato alas,

kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus;

menyanga ngendi bae parane,

mbanting lan nubruk,

lan ora ana kang bisa nguwalake.

9

(5-8) Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu,

sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.

10

(5-9) Pangandikane Sang Yehuwah:

Ing dina iku bakal kelakon,

Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira,

lan bakal ngrusak kretanira.

11

(5-10) Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira,

sarta betengira bakal padha Sungempuri.

12

(5-11) Ingsun bakal nyirnakake pirantinira sihir,

lan juru tenung bakal ora ana maneh ing tengahira.

13

(5-12) Mangkono maneh reca-recanira,

apadene tugu-tugu branalanira

bakal Sungempur saka ing tengahira,

temah sira bakal ora sujud maneh

marang gegaweaning tanganira.

14

(5-13) Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira,

lan brahalanira bakal Sunsirnakake.

15

(5-14) Wasana para bangsa

kang ora ngestokake dhawuhingSun,

bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya.

Link: