Musthikaning Kidung 3
Nuju ing wayah bengi aku nggoleki gantilaning atiku ana ing paturonku.
Dakgoleki, nanging ora ketemu.Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha
ing lurung-lurung lan ing alun-alunPanjenengane dakgoleki,
gantilaning atiku iku.Dakgoleki, nanging ora tinemu.Aku kepethuk para wong rondha ing kutha.
“Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”
Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau,
aku ketemu karo gantilaning atiku;banjur dakcandhak lan ora dakculculake,
nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku,
ing kamare kang nglairake aku.He, para putri ing Yerusalem, kowe
padha daksupatani;demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara:Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnansadurunge dikarepake.Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun
kaya kumebuling kukuskasaput ing wangining mur lan menyan
lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman,
ginarebeg ing prawira sawidak,
saka panunggalane para prawira ing Israel.Kabeh padha asikep pedhang,
lanteh ing perang,kabeh padha nyengkelit pedhang,
marga saka pagirising wayah bengi.Sang Prabu Suleman wus yasa tandhu
kayu ing Libanon.
Saka-sakane kang ginawe selaka,
sendhenane emas,palenggahane warnane wungu,
ing jerone rinengga ing kayu areng.
He para putri ing Yerusalem,para putri ing Sion, padha metua,
lan nyawanga marang Sang Prabu Suleman,ngagem makutha, kang diagemake dening kang ibu
nalika dina pikramane,
ing dina sukarenane galihe.