:

Nahum 2

1

Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe,

nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan,

lambungira sabukana kang kenceng,

nglumpukna sakehe kekuwatan!

2

Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub,

kaya kaluhurane Rama Israel,

amarga wus karusak dening juru pangrusak

epange wus padha kasempalan.

Mungsuh ngrusak Niniwe 3

Tamenge para pahlawane warnane abang,

para prajurite padha manganggo abang jingga,

kretane abyor mengangah kaya geni suluh

ing dina anggone karakit;

sarta jaran-jaran padha katon goreh.

4

Kretane mbalap ana ing dalan,

ana ing papan tenggar susul-sumusul,

katone kaya obor,

playune kaya kilat.

5

Wadya-bala kang pinunjul diangkatake,

nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju,

padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu,

dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.

6

Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak,

sarta kedhatone banjur geger.

7

Sang Prameswari digawa metu lan dilukari,

lan para abdine wadon padha nggluruh

kaya pambekuring manuk dara,

klawan tebah-tebah dhadha.

8

Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbang

kang banyune mili metu.

Ana wong kang nguwuh-uwuh:

“Mandhega, mandhega!”

nanging ora ana kang noleh.

9

Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas,

awit tanpa wilangan simpenane raja-brana,

prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan.

10

Wus ludhes, pandhes, nandhes!

Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik,

lambunge gumeter kabeh,

raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.

11

Ana ing ngendi ta pandhelikane singa

lan guwane singa-singa nom,

panggonane singa klinteran,

papaning anak singa, kang ora kaganggu-gawe dening wong?

12

Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake,

lan nekak memangsan kanggo sing wadon,

sarta ngebaki guwane kalawan pangan

lan pandhelikane kalawan dedekepane.

13

Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah:

“Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira,

nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus,

lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek;

sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi,

swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”

Link: