Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.
2
Astane nyepeng gulungan kitab cilik wudharan. Sampeyane kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan.
3
Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.
4
Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”
5
Malaekat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astane tengen marang langit,
6
sarta banjur supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng salawas-lawase, kang wus nitahake langit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagara saisine: “Ora bakal kaundur maneh!
7
Nanging samangsa unine kalasangkane malaekat kang kapitu keprungu, yaiku manawa malaekat iku ngungelake kalasangkane, bakal kayektenan kekeraning Allah, kaya kang wis kawartosake marang para abdine, yaiku para nabi.”
8
Swara kang wus dakrungu saka ing langit mau, tumuli ngandika maneh marang aku mangkene: “Majua, kitab wudharan kang ana ing tangane malaekat, kang ngadeg ana ing sagara lan ing dharatan iku tampanana.”
9
Aku banjur marani malaekat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhe marang aku: “Tampanana, lan panganen; iki bakal marakake wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya madu.”
10
Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait.
11
Tumuli aku dipangandikani mangkene: “Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu.”