:

Yeheskiel 19

Kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel 1

Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,

2

lan pratelakna mangkene:

“Wah, ibunira iku pancen singa wadon

ana ing antarane singa-singa!

Nglemprak ana ing satengahe sings-singa enom

lan nusoni anak-anake.

3

Anake ana siji kang diopeni

nganti dadi singa enom,

kang sinau ndedekep

malah banjur mangsa manungsa.

4

Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk!

Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane,

nuli dikeluhi

tuwin digiring menyang Mesir.

5

Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal

lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan

banjur njupuk anake liyane

sarta digulawenthah dadi singa enom.

6

Anake iki srawungan karo singa akeh

nuli wus dadi singa enom

lan sinau ndedekep

malah banjur mangsa manungsa.

7

Betenge padha karusak,

kuthane padha kaobrak-abrik;

bumi dalah saisine kabeh padha kaget

krungu swarane panggerone.

8

Para bangsa nuli padha gumregah nglawan

saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge,

padha masang jaring kanggo nyekel

lan banjur kacegur ing luwangan pasangan.

9

Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan,

wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran,

supaya swarane aja kaprungu maneh

ana ing gunung-gununge Israel.

10

Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur

kang katandur ing sacedhaking banyu,

banjur awoh lan ngepang

amarga saka akehe banyune.

11

Apa pange kang thukul kang kuwat

kang dadi tekening karajan;

thukule dhuwur

ngungkuli pang-pang liyane kang rapet,

lan katon ngegla marga saka dhuwure

sarta marga ana pange cilik akeh.

12

Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu,

lan kaebrukake ing bumi;

angin saka ing wetan gawe alum lan garinge

wohe padha gogrog.

Pange kang kuwat dadi garing

lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.

13

Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun,

ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.

14

Banjur ana geni kang metu saka ing pange

kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek,

satemah wus ora ana pange kang kuwat,

ora ana pange kang kanggo teken karajan.”

Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.

Link: