:

Yeheskiel 28

Pameca nglawan raja ing Tirus 1

Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2

“He, anaking manungsa, raja ing Tirus kandhanana: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:

Ing sarehne sira dadi gumunggung

lan celathu: Aku iki Allah!

Aku lungguh ing dhamparing Allah,

ana ing tengahing samodra.

Mangka sira iku manungsa,

dudu Allah,

sanadyan atinira rumangsa

padha karo Allah.

3

Kawicaksananira pancen ngungkuli kawicaksanane Dhaniel;

ora ana barang kang samar kang ora sira sumurupi.

4

Marga saka wicaksananira lan pangretenira

sira oleh kasugihan.

Emas lan salaka sira klumpukake

ing gedhong raja-brananira.

5

Marga saka bangeting pinterira dedagangan

kasugihanira dadi akeh

lan iku njalari sira banjur gumunggung.

6

Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:

Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah,

7

mulane, lah Ingsun nimbali wong manca

supaya nglawan marang sira,

yaiku bangsa kang ambek siya dhewe,

kang bakal ngunus pedhange,

banjur merangi kawicaksananira kang pinuji iku

lan kamulyanira bakal dinajisake.

8

Sira kang pinatenan

ana ing tengahing samodra

bakal diudhunake marang ing luwangan kuburan.

9

Apa sira isih bakal celathu

ana ing ngarepe kang mateni sira,

ana ing tangane kang nuwek sira:

Aku iki Allah?

Mangka sira iku manungsa, dudu Allah.

10

Sira bakal mati dening wong manca

kayadene wong kang ora tetak.

Sabab Ingsun kang mangandikakake iku, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”

Kidung pangadhuh tumrap raja ing Tirus 11

Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

12

“He, anaking manungsa, sira nglairna pangadhuh tumrap raja ing Tirus lan tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah:

Sira iku gambaring kasampurnan,

kebak kawicaksanan lan endahing endah.

13

Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah

kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine:

jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo,

sesotya pirus, krisopras lan nefrit,

lazurit, sesotya mirah lan malakit.

Embanane kang kagawe emas

lan iku dicawisake ing dina sira katitahake.

14

Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksa

sira iku ana ing gununging Allah kang suci

lan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotya

kang mencorong.

15

Tindak-tandukira tanpa cacad

wiwit ing dina sira katitahake

nganti sira tinemu nglakoni duraka.

16

Sarehne sira dagang gedhe

sira banjur atindak keras lan gawe dosa.

Mulane sira tumuli Sunbuwang

saka ing gununging Allah,

sarta kerub kang rumeksa

banjur nyirnakake sira

saka ing satengahe sesotya kang mencorong.

17

Sira gumunggung marga saka endahing warnanira,

kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira.

Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi,

Sunpasrahake marang para raja

dadi tontonan ana ing ngarepe.

18

Marga saka akehe kesalahanira

lan kaculikanira ing sajroning laku dagang

sira nerak kasucening pasucenira.

Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira,

kang bakal mangsa sira nganti entek.

Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumi

ana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.

19

Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sira

padha kaget nyumurupi kaananira.

Wekasaning uripira nukulake pagiris

tuwin sira sirna ing salawas-lawase.”

Pameca nglawan Sidon 20

Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

21

“He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana:

22

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke.

23

Ingsun bakal ndhatengake pageblug ana ing Sidon tuwin getih bakal wutah ana ing dalan-dalane sarta wong-wong bakal ambruk mati ana ing satengahe, marga kena ing pedhang kang teka saka ing sakubenge kang nglawan marang dheweke. Temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.

24

Apadene turune Israel ora bakal padha karemehake maneh dening wong saka ing sakiwa-tengene kabeh, kang dadi eri kang nyubles utawa sujen kang nglarani. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.

25

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalikane Ingsun nglumpukake turune Israel saka ing satengahe suku-suku bangsa, kang padha diparani rikala kabuyarake tuwin Suntedahi kasuceningSun ana ing ngarepe para bangsa, banjur bakal padha manggon ana ing tanahe kang wus Sunparingake marang abdiningSun Yakub.

26

Anggone manggon ana ing kono bakal kalawan tentrem; bakal padha mbangun omah lan gawe kebon anggur. Malah padha manggon kalawan ayem tentrem ing nalikane Ingsun ndhawahake paukuman marang sakehing tanggane kang padha ngremehake. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah Allahe.”

Link: