:

Yeremia 10

Gusti Allah kang gesang lan para brahala 1

He para turune Israel!

Padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah,

kang kadhawuhake marang kowe:

2

Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:

“Sira aja nulad tindak-tanduke para bangsa,

aja kaget dening tandha-tandha ing langit,

sanadyan para bangsa padha giris marga saka iku.

3

Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna.

Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas,

kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu?

4

Kang direngga-rengga klawan emas lan salaka,

lan dikukuhake sarana paku lan palu,

supaya aja moyag-mayig.

5

Brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun,

ora bisa guneman,

kudu dijunjung ing wong,

amarga ora bisa lumaku.

Aja kokwedeni,

amarga brahala iku ora bisa manggawe ala

lan gawe becik iya ora bisa.”

6

Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah!

Paduka punika agung lan asma Paduka agung

margi Paduka punika prakosa.

7

Dhuh Rajanipun para bangsa,

sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka?

Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka,

amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa,

saha ing antawisipun para ratunipun,

boten wonten ingkang nyameni Paduka!

8

Brahala iku kabeh bodho lan gemblung,

piwulange dewa iku tanpa guna,

awit iku mung kayu walaka.

9

Salaka blebekan digawa saka ing Tarsis

lan emas saka ing Ufas;

brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan.

Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom,

kabeh gaweane para ahli.

10

Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati,

Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang,

lan Ratu kang langgeng.

Dedukane nggonjingake bumi

lan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune.

11

Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene:

“Para allah kang ora nitahake langit lan bumi

iku bakal sirna saka ing bumi

lan saka ing sangisoring langit iki.”

12

Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane,

kang njejegake bumi sarana kawicaksanane

lan mbeber langit kanthi kalimpadane.

13

Samangsa Panjenengane ngedalake swantene,

swaraning banyu ing langit gumuruh,

Panjenengane ngumbulake mega mendhung

saka poncoting bumi,

damel kilat binarung udan

lan ngwedalake angin saka ing perawatane.

14

Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apa

lan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane.

Awitdene reca cor-corane iku apus-apus,

ora duwe nyawa.

15

Sakabehe iku tanpa guna,

garapan kang dadi wohing pamoyok,

lan kang bakal lebur samangsa kasiksa.

16

Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane,

amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh,

lan Israel iku uamt kagungane,

asmane yaiku Sang Yehuwah,

Gustining kang sarwa dumadi.

Tanah Yehuda dadi sepi mamring 17

He para wong kang ana ing pangepungan,

barang-barangmu gawanana saka ing nagara kene.

18

Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:

“Lah sapisan iki

Ingsun bakal mbuncang wong isining kutha iki,

lan bakal Sunrupekake, supaya padha krasa.”

19

Adhuh cilaka aku, marga saka lelaraku,

tatuku ora bisa mari!

Aku nggagas: “Ah iki

kasusahan kang kudu daksandhang!”

20

Kemahku wus rusak

lan taline wus pedhot kabeh.

Anak-anakku wus padha ninggal aku,

wus ora ana maneh,

wus ora ana kang ngadegake kemahku

lan kang menthang tendhaku.

21

Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi,

padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah.

Mulane padha ora nemu begja,

lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar.

22

Ana warta kang keprungu, unine:

Ana pageger gedhe kang bakal teka saka ing tanah lor,

kang bakal gawe kutha-kutha ing Yehuda

padha dadi sepi mamring, dadi pandhelikane asu ajag.

23

Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos,

bilih manungsa punika boten gadhah pangwaos

netepaken marginipun piyambak,

lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah

pangwaos netepaken jangkahipun.

24

Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka perdi,

nanging ing samajadipun,

sampun klayan bebendu Paduka,

supados kawula sampun ngantos Paduka sirnakaken!

25

Bebendu Paduka mugi Paduka esokaken

dhateng para bangsa ingkang boten tepang kaliyan Paduka

sarta dhateng para jinis ingkang sami boten nyebut asma Paduka,

amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas

sarta padununganipun kadadosaken jugrugan.

Link: