:

Yeremia 15

1

Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!

2

Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:

Sing marang pati, maranga ing pati!

Sing marang pedhang, maranga ing pedhang!

Sing marang pailan, maranga ing pailan!

Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan!

3

Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.

4

Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”

Pagiris kang tuwuh marga dening peperangan 5

“He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira,

lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira?

Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira?

6

Sira dhewe wus nampik Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

sarta wus lunga nyingkur Ingsun.

Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira;

Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung.

7

Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampah

ana ing kutha-kuthaning nagara.

Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes,

amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.

8

Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihi

cacahe wedhining sagara.

Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyung

lan nom-nomane ing wayah awan.

Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.

9

Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek,

tumrap dheweke srengenge wus surup

sanadyan ing wayah awan,

sarta nandhang wirang isin.

Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe.

Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Tarunge Nabi Yeremia 10

Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula,

tiyang ingkang dados wijining paben

lan garejegan tumrap tiyang sanagari.

Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken

utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena,

nanging sadaya sami nyupaosi kula.

11

Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget,

lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Paduka

ing wekdal nandhang bilai lan karupekan!

12

Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga?

13

“Kasugihan lan rajabrananira

bakal Sunulungake dadi rayahan,

minangka ganjaran tumrap sakehing dosanira

ana ing saindenging tlatahira.

14

Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira,

ana ing nagara kang ora sira sumurupi,

amarga bebenduningSun wus metokake geni,

kang mulad-mulad ngenani sira.”

15

Dhuh Sang Yehuwah, Paduka sampun nguningani bab punika,

mugi ngengetana lan nggaliha dhumateng kawula;

Paduka mugi karsaa malesaken kawula

tumrap tiyang ingkang sami mbujeng kawula.

Sampun ngantos Paduka kendelaken kawula dipun pendhet,

amargi agenging kasabaran Paduka,

mugi Paduka uningani, bilih anggen kawula cinampahan punika margi saking Paduka.

16

Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka,

lajeng kawula raosaken nikmatipun;

pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula

saha nyenengaken manah kawula,

amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula,

dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.

17

Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-seneng

kaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan,

amargi kawula kapetel dening asta Paduka,

kawula lajeng linggih piyambakan

awit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.

18

Punapaa dene reribed kawula boten telas-telas

lan tatu kawula awrat sanget,

ngantos angel dipun jampeni?

Saestu Paduka punika dados lepen ingkang ngapirani,

toyanipun boten kenging dipun jagekaken.

19

Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene:

“Manawa sira gelem mratobat,

Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh,

lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor,

sira bakal dadi lesaningSun.

Sanadyan wong iku padha bali marani sira,

nanging sira ora prelu bali marang wong iku.

20

Ingsun bakal ndadekake sira dadi balowarti tembaga

kang santosa tumrap bangsa iki;

wong iku bakal padha merangi sira,

nanging ora bisa menang,

amarga Ingsun nganthi sira,

sira Sunslametake lan Sunluwari. --

Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

21

Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka,

lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.”

Link: