:

Yeremia 46

Pangandikane Sang Yehuwah tumrap para bangsa 1

Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap para bangsa.

Tumrap Mesir 2

Tumrap Mesir.

Tumrap wadya-balane Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, kang ngadegake kemah ana ing sapinggire bengawan Efrat, ing sacedhake Karkhemis lan kang diasorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda:

3

“Cepakna tameng gedhe lan tameng cilik

lan majua perang!

4

He para bala jaranan,

jaranira abah-abahana lan tunggangana!

Nataa gelarira kalawan nganggo topong,

asahana tumbakira,

ngrasuka kerenira!

5

Yagene Sunpirsani

padha giris

sarta padha mundur?

Prawirane padha kasoran,

mlayu sar-saran,

tanpa nolah-noleh,

pagiris saka keblat papat!,

-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

6

Wong kang cancingan ora bisa lumayu,

pahlawan ora bisa oncat,

ana ing sisih lor ing sapinggire bengawan Efrat

padha kejengklok lan ambruk.

7

Sapa ta kang mbludag kaya bengawan Nil

lan kang banyune molak-malik kaya kali?

8

Iya iku Mesir kang mbludag kaya bengawan Nil,

lan banyune molak-malik kaya kali.

Sumbara: Aku arep ngluberi lan nutupi bumi

nyirnakake kutha saisine.

9

He jaran, padha nyandera!

He kareta perang, padha mbalapa!

He para prawira mangsaha perang!

He kowe wong Etiopia lan wong Put

kang asikep tameng

lan wong Lidia kang menthang gandhewa!

10

Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi,

dina piwales

dina tumibaning piwales marang para mungsuhe.

Pedhang bakal memangsa nganti wareg,

lan nguyup getihe nganti marem.

Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadi

nganakake kurban sembelehan ing tanah lor

ing sacedhake bengawan Efrat.

11

He kenya putri Mesir!,

menyanga ing Gilead njupuk beboreh!

Ora ana gunane anggonmu tetamba akeh,

kowe ora bakal bisa mari!

12

Para bangsa wus padha krungu mungguh cacadmu,

bumi wus kebak pasambatmu,

amarga para prawira padha tunjang-tinunjang,

sakarone bareng ambruk.”

13

Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, bab rawuhe Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, arep nelukake tanah Mesir:

14

“Wartakna ana ing Mesir,

lan kandhakna ana ing Migdol!

Kandhakna ana ing Memfis lan ing Takhpanhes!

Tuturana: Nataa gelar lan samektaa,

amarga ing saubengira wus gusis,

kamangsa ing pedhang!

15

Yagene Apis keplayu

sapinira lanang apa ora kuwawa nanggulangi?

Sanyata, Sang Yehuwah wus nelukake dheweke!

16

Saka ing antaranira akeh kang kejengklok

lan ambruk,

kang siji kandha marang sijine:

Payo padha ngulihi bangsa kita,

tanah kalairan kita,

prelu ngendhani pedhang kang ngamuk iki!

17

Nyebuta jenenge Pringon, ratu ing Mesir:

Tukang ribut kang ora migunakake wektu kang becik.

18

Demi Ingsun kang gesang,

-- mangkono pangandikane Sang Prabu

kang asmane Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --

tekane bakal prasasat gunung Tabor

kang munggul ing antarane gunung-gunung liyane,

kaya gunung Karmel ing pinggiring sagara.

19

He putri Mesir kang wis suwe pamanggonira

nyepakna samubarang kang kanggo lakunira

menyang ing pambuwangan.

Amarga Memfis bakal dadi sepi mamring,

dinadekake jugrugan kang ora dienggoni maneh.

20

Mesir iku pedhet kang bregas,

nanging ana laler cathak siji kang nekani saka lor.

21

Uga prajurit buruhan kang ana ing kono,

iku kaya pedhet-pedhet kang lemu,

padha minger lan lumayu bebarengan,

padha ora bisa nanggulangi,

amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku,

yaiku mangsa tibaning paukumane.

22

Swarane kaya ula kang ngeses,

samangsa padha maju kanthi wadya-bala;

padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadung

kayadene para blandhong.

23

Wong iku padha negori alase,

-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --

sanadyan ora kena dileboni:

amarga luwih akeh katimbang walang,

tanpa wilangan cacahe.

24

Putri Mesir dadi kawirangan

dipasrahake marang ing tangane bangsa

saka ing lor.”

25

Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Lah, Ingsun ndhatengake paukuman marang dewa Amon saka Tebe, marang Pringon dalah tanah Mesir, para dewane lan para ratune, yaiku marang Pringon dalah para wong kang pracaya marang dheweke.

26

Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tangane wong kang ngarah marang nyawane, yaiku ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil lan para punggawane. Nanging sawise iku, nagara iku bakal dienggoni kaya dhek jaman kuna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

27

Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi,

he Israel, aja kuwatir!

Amarga lah, Ingsun mitulungi sira saka ing

panggonan kang adoh,

tuwin turunira saka ing nagara pambuwangane.

Yakub bakal bali mulih

lan urip ayem sarta tentrem,

tanpa ana kang gawe giris.

28

Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi,

-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

amarga Ingsun nganthi sira,

sakehing bangsa ing nagara,

panggonan anggoningSun mbuyarake sira,

iku bakal Sunsirnakake,

nanging sira iku ora bakal Suntumpes,

Ingsun bakal nggitiki sira manut ing angger-angger,

nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira

tanpa kaluputan.”

Link: