:

Yesaya 10

1

Bilai para wong kang gawe katetepan-katetepan kang ora adil,

sarta para wong kang gawe pututsan-putusan kang ambek siya,

2

kanggo ngalang-ngalangi para wong sekeng anggone ngupaya kaadilan

lan kanggo ngrebut wewenange para wong sangsara kang ana ing satengahe umatingSun,

supaya padha bisa ngrampas barang darbeke para randha,

tuwin bisa njejarahi bocah yatim!

3

Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman,

lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane?

Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa,

sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?

4

Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung,

sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan!

Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha,

lan astane isih kaagagake.

Bab bilai kang bakal nempuh marang Asyur 5

Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSun

lan kang dadi gitiking bebenduningSun!

6

Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad,

tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun,

supaya ngrerampas lan njarah-rayah,

sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.

7

nanging dheweke dhewe karepe ora mangkono

lan ora mangkono rancanganing atine,

anadene niyate atine arep numpes

tuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.

8

Amarga pangucape:

“Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh?

9

Kaanane Kalno rak padha kaya Karkhemis,

utawa Hamat rak padha kaya Arpad,

lan Samaria rak padha kaya Damsyik?

10

Kayadene tanganku wus ngrayud karajan-karajaning para brahala,

mangka reca-recane ngluwihi kang ana ing Yerusalem lan kang ana ing Samaria,

11

apa aku ora bakal tumindak mangkono tumrap Yerusalem lan reca-recane brahalane,

kaya kang wus daktindakake tumrap Samaria lan brahala-brahalane?”

12

Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung.

13

Amarga wus ngucap:

“Aku tumindak kaya mangkono iku kalawan kakuwataning tanganku

tuwin kalawan kawicaksananku,

amarga kau duwe akal budi.

Aku wus ngilangi wates-watese ing antarane para bangsa,

sarta wus ngrampas pasadhiyan-pasadhiyane;

kalawan kakuwatan anggonkeu wus nglorod

para wong kang lungguh ing dhampar.

14

Kayadene susuhing manuk,

iya mangkono iku anggonku wus ngrayud kasugihane para bangsa,

sarta kaya wong kang ngrakup endhog-endhog

kang ditinggal dening kang ngendhog,

kaya mangkono anggonku ngrayud salumahing bumi,

lan siji bae ora ana kang ngobahake swiwine,

tuwin kang ngangapake cucuke utawa kang cuwit-cuwit.”

15

apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo,

utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo?

Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake,

lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!

16

Awit saka iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah,

bakal damel wong-wonge kang gothot dadi padha kuru aking,

lan sakehing kasugihane bakal kaobong nganti entek,

kalawan geni kang mulad-mulad.

17

Padhanging Israel banjur bakal dadi geni,

lan Gusti Allahe, Kang Mahasuci bakal mulad-mulad

tuwin bakal ngobong lan mangsa piskucing lan sukete nganti entek

ing sajroning sadina uga.

18

Kaendahane alas ing Asyur lan kebone wowohan

bakal kamangsa nganti entek, wiwit delege nganti pang-pange,

satemah bakal dadi kaya wong lara kang nglayung nganti mati;

19

anadene kekarene wit-witan ing alase

kehe bakal kena kaetung,

nganti bocah bae bisa nyatheti.

Kekarene Israel ginanjar slamet 20

Nanging ing wektu iku kekarene wong Israel

lan wong kang bisa oncat ing antarane gelengan tedhake Rama Yakub,

ora bakal sumendhe maneh marang kang ngalahake,

nanging bakal sumendhe marang Sang Yehuwah,

Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan tetep setya.

21

Ana kekarene kang bali;

kekarene Rama Yakub bakal mratobat ana ing ngarsane Gusti Allah kang prakosa.

22

Amarga sanadyan bangsamu, he Israel, kehe kaya wedhining sagara,

nanging mung kekarene kang bakal bali.

Pangeran Yehuwah wus nemtokake tekaning karusakan,

lan saka ing kono bakal tuwuh kaadilan kang nganti luber-luber.

23

Sanyata, karusakan kang wus pinasthi

bakal kadhawahake ing salumahing bumi

dening Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

24

Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah: “He umatingSun kang manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, manawa iku nggebug sira kalawan gada lan menthung sira kalawan penthunge, kaya kang ditindakake Mesir biyen.

25

Amarga sadhela engkas dukaningSun marang sira bakal sirep, lan bebenduningSun bakal njalari sirnane.

26

Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngrangket bangsa iku kalawan cemethi, kayadene anggone ngrangket Midian ana ing gunung parang Oreb, lan ngungkulake lantarane ing sadhuwure sagara Teberau lan ngagagake kaya nalika ana ing Mesir biyen.

27

Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.”

Wong Asyur nempuh perang@1(10-27b) Asyur wus jumedhul saka ing Rimon 28

lan wus nempuh Ayat;

sarta wus ngliwati Migron,

tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas.

29

Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh:

“Geba iku papan panginepan kita!”

Kang manggon ing Rama padha gumeter,

kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.

30

Jerit-jerita, he putri Galim!

Gatekna, he Laisya!

Wangsulana, he Anatot!

31

Kang manggon ing Madmena lumayu adoh,

wong Gebim lunga ngungsi.

32

Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob,

ngacung-acungake tangane

marang gununge putri Sion,

tenggere Yerusalem.

33

Lah Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah

bakal nyembali pang-pang wit kalawan kakuwatan kang nggegirisi;

kang thukule dhuwur-dhuwur bakal ditegor,

lan kang munggul mandhuwur bakal padha dicendhekake.

34

Kayu-kayuning alas bakal dibabadi kalawan wadung,

sarta Libanon dalah wit-witane kang ngedab-edabi bakal rubuh.

Link: