Yesaya 16
Wong-wong padha ngirimake cempe
marang pamarentahing nagara,saka ing Sela ngliwati pasamunan
menyang ing gununge putri Sion.Kaya manuk kang mabur lunga,
lan isining susuh kang kagusah,kaya mangkono anake wadon Moab
ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.“Menehana pitutur,
nggegegana wewenang,dadia pangeyuban kang edhum
ing wayah tengange;
wong-wong kang kabuwang padha umpetna,aja medharake bab wong kang padha keplayu!Para wong kang kabuwang saka ing Moab
cikben padha mondhok ing panggonanmu,dadia papan pandhelikane wong-wong ikutumrap kang arep nyirnakake!
Samangsa pangroda-peksa wus ora ana,
pangrusak wus kapungkurlan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara,banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarman
lan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawuddening sawijining hakim kang njejegake kaadilan,
lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.”Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab,
pancen angkuh banget iku,bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite,
sarta anggone ngoceh kang ora bener.Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh,
kang siji marga saka sijine, cikbenkabeh padha ngadhuh-adhuh.Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Haresetcikben padha sesambat lan remuk babar pisan!Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibma
wus padha nglayung;para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsawus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe,kang biyen ngembyah tekan ing Yaezer
lan mrambat tekan ing pasamunan;pang-pange pating tlolor
tekan ing sabranging sagara.
Mulane aku melu nangis kaya Yaezer
marga saka wit anggur ing Sibma mau;kowe arep daktelesi kalawan eluhku,
he Hesybon lan Eleale,
amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panenmungsuhmu nempuh kalawan alok perang.Wus sirna kabungahan lan surak-surak
saka ing kebon wowohan;wus ilang saka ing kebon-kebon anggur
swara giyak-giyak lan surak-surak;
wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan,anggone sumyak-sumyak wus leren.Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung,
iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab,
lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres.
Mulane sanadyan Moab ngibadah
lan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbananlan lumebu ing pasucene prelu ndedonga,
ora bakal oleh apa-apa.Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur.
Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.”