:

Yesaya 18

Wangsit tumrap Etiopia 1

Bilai! Nagara kumrisiking swiwi

ing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia,

2

kang ngirimake duta-duta ngliwati sagara

kalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu!

Mangkata, he para utusan kang cukat,

nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane,

golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endi

yaiku bangsa kang wulet lan ambek siya,

kang nagarane ketrajang ing kali-kali!

3

He sakehing wong kang manggon i ing donya,

he para wong kang manggon ing bumi!

Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen;

samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!

4

Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku:

“Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah,

kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang,

kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.”

5

Awit sadurunge ungsum wowohan,

manawa wektune kembang wus kepungkur,

lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng,

Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit,

lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake.

6

Iku kabeh bakal ditinggal tumpukan

kanggo manuk galak ing pagunungan,

lan kanggo kewan-kewan ing alas.

Ing mangsa panas manuk-manuk galak bakal padha manggon ing kono

tuwin sakehe kewan ing alas ing mangsa bedhidhing.

7

Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion.

Link: