Yesaya 35
Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah,
pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang;
bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar,
bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak.Bakal kaparingan kamulyaning Libanon
kaluhuraning Karmel lan Saron;
bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah,kaluhuraning Allah kita.Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna
lan dhengkul kang theklok pada santosakna.
Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine:
“Sing padha tatag, aja padha wedi!Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales
lan ganjaraning Allah.
Panjenengane piyambak kang rawuharep nguwalake kowe kabeh.”Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake,
lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.
Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan,
tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak;amarga ara-ara samun bakal metokake sumber,
sarta pasamunan bakal ana kaline;tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang,
lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber;papan pandhodhotaning asu ajag
bakal kathukulan tebu lan pandhan.Ing kono bakal ana lurunge,
kang bakal kaaranan Dalan Suci;wong kang najis ora bakal liwat ing kono
sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.Ing kono bakal ora ana singane,
kewan galak ora bakal saba mronotuwin ora bakal tinemu ana ing kono;mung para wong kang wus padha kaluwarankang bakal padha lumaku ing kono,lan para wong kang wus kauwalan
dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulihtuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak,
kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng;
bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena,kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.