:

Yesaya 45

Pangeran yehuwah ngagem Sang Prabu Koresy, kadadosake pirantose 1

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki pangandikaningSun marang wong kang Sunjebadi,

marang Koresy kang Sunkanthi tangane tengen,

Sunagen nelukake bangsa-bangsa kang ana ing ngarepe

lan mblejedi para raja,

Sunagem ngengakake lawang-lawang ing ngarepe

lan supaya gapura-gapura aja terus mineb.

2

Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepira

sarta bakal ngrata gunung-gunung,

bakal mbejadi lawang-lawang tembaga

lan bakal nugeli slarak-slarak wesi.

3

Ingsun bakal maringi sira raja-brana kang kapendhem

tuwin raja-darbe kang siningidake,

supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe Israel,

kang nimbali sira kalawan nyebut jenengira.

4

Marga saka abdiningSun Yakub

lan Israel, pilihaningSun,

Ingsun banjur nimbali sira kalawan nyebut jenengira,

paring sesebutan marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun.

5

Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane;

kajaba Ingsun ora ana allah maneh.

Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira,

sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun,

6

supaya wiwit ing papan pletheking srengenge

nganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh.

Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane,

7

kang ndadekake padhang lan nitahake peteng,

kang damel begja lan cilaka;

Ingsun Yehuwah kang nindakake iki kabeh.

8

He langit, netesna kaadilan saka ing dhuwur,

tuwin cikben disokake dening mendhung!

Bumi kareben ngengakake badane

lan metokake trubusaning kaslametan,

apamaneh cikben nuwuhake kaadilan!

Iya Ingsun iki Yehuwah kang nitahake iki kabeh.”

Pangeran Yehuwah iku kang nitahake samubarang kabeh 9

Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake;

ora liya iku mung wingka pecahan kendhil!

Apa lempung bakal celathu marang kundhi:

“Apa kang kokgawe?”

utawa marang apa kang wus digawe:

“Kowe iku ora duwe tangan!”

10

Bilai wong kang celathu marang bapakne:

“Apa kang kokanakake?”

lan marang ibune:

“Apa kang koklairake?”

11

Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,

Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel:

“Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun,

utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun?

12

Iya Ingsun iki kang yasa bumi

lan kang nitahake manungsa ana ing kono;

iya astaningSun iki kang nggelar langit,

lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

13

Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan,

tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh;

iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun,

sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan,

tanpa bayaran lan tanpa besel,”

mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

14

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:

“Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopia

lan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur,

bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira,

iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante;

bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge:

Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten;

kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!

15

Sanyata, Paduka punika Gusti allah ingkang sesingidan,

Gusti Allahipun Israel, Sang Juruwilujeng.

16

Nanging para tukang brahala kudu mundur kalawan wirang,

kabeh bakal kawirangan lan pancen kalepetan ing wirang.

17

Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwah

karahayon kang langgeng;

sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirang

nganti ing salawase lan ing sateruse.”

18

Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah,

kang nitahake langit,

-- iya Panjenengane iku Gusti Allah --

kang karya bumi lan kang yasa

sarta kang nyantosakake iku,

-- apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake,

nanging iku katitahake supaya dienggoni --:

“Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.

19

Ora tau Ingsun ngandika kalawan asingidan

tuwin ana ing panggonan ing bumi kang peteng.

Ora tau Ingsun dhawuh marang turuning Yakub

supaya ngupaya Ingsun kalawan nglaha!

Ingsun, Yehuwah, manawa ngandika mesthi bener,

sarta tansah martakake apa kang sanyata.”

Bangsa-bangsa padha katimbalan supaya padha bali marang Pangeran Yehuwah 20

“Sira padha nglumpuka lan padha mrenea,

padha majua bebarengan,

he sira kabeh kang padha oncat

saka ing antarane para bangsa!

Iku padha ora duwe kawruh

wong kang padha ngarak recane kayu

lan kang padha ndedonga marang allah

kang ora bisa aweh karahayon.

21

Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira,

cikben padha rerembugan bebarengan:

Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula,

tuwin kang mratelakake wiwit biyen?

Apa dudu Ingsun, Yehuwah?

Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun!

Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet,

ora ana liyane kajaba Ingsun!

22

Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet,

he poncot-poncoting bumi!

Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane.

23

Demi Ingsun piyambak Ingsun wus supaos,

saka ing tutukingSun wus kalair kabeneran,

pangandika kang ora bakal kaceled;

sarta kabeh wong bakal padha sujud jengkeng ana ing ngarsaningSun sarta padha sumpah manawa bakal setya marang Ingsun,

kanthi migunakake sakehing basa,

24

kalawan celathu: Kaadilan lan kasantosan

iku mung tinemu ana ing Pangeran Yehuwah.

Sakehe wong kang wus nepsu marang Panjenengane

bakal padha sowan ing ngarsane lan bakal nandhang wirang,

25

nanging turune Israel kabeh

bakal kacihna manawa bener lan bakal rumangsa begja ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”

Link: