Yesaya 49
padha ngrungokna marang Ingsun, he pulo-pulo
padha nggatekna, he para bangsa kang adoh!Ingsun wus katimbalan dening Pangeran Yehuwah wiwit isih ana ing bobotan
asmaningSun wus kapangandikakake wiwit isih ana ing guwa-garbaning ibuningSun.TutukingSun kadamel kaya pedhang kang landhep
lan Ingsun kaayoman ana ing aubing astane.Ingsun kadadekake panah kang lincip
lan kadhelikake ana ing endhonge.Ingsun dipangandikani mangkene:
“Sira iku abdiningSun, Israel,sarta ana ing sira anggoningSun bakal nglairake kamulyaningSun.”
Ewadene unjukingSun: “Anggen kawula kangelan punika tanpa damel,
tuwin tanpa wusana saha tanpa gina anggen kawula ngesokaken kakiyatan kawula;nanging wewenang kawula punika wonten ing Pangeran Yehuwah
sarta pituwas kawula punika wonten ing Allah kawula.”Lah saiki pangandikane Sang Yehuwah,
kang nganakake Ingsun kadadekake abdine wiwit ana ing bobotan,supaya mbalekake Yakub marang Panjenengane,tuwin nglumpukake Israel ana ing ngarsane --
mulane Ingsun kaluhurake ana ing paningale Pangeran Yehuwah,
tuwin Gusti AllahingSun dadi kakiyataningSun --,mangkene pangandikane:“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen
manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub
lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae.Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa
supaya karahayon kang saka Ingsuniku tekana ing pungkasaning bumi.”Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,
Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci,marang kang diremehake dening wong,
marang kang dianggep njijiki dening para bangsa,
marang abdining para kang nyekel pangwasa:“Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat,
tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah,marga saka Pangeran Yehuwah kang setya
marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,kang wus milih sira.”Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:
“Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun bakal paring wangsulan marang sira,lan ing dinane Ingsun paring karahayon, Ingsun bakal mitulungi sira;sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjian
tumrap umat manungsa,
Sunkarsakake mbangun bumi manehlan mbage-mbage tanah pusaka kang wus sepi mamring,
Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua!
marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea!Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket,
tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.Mulane ora padha luwe utawa ngelak;
ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet,amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelas
padha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalan
lan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.
Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh,
saka ing lor lan saka ing kulon,
tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”Surak-suraka, he langit,
giyak-giyaka, he bumi,lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung!Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umatelan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar aku
tuwin Gustiku wus kesupen marang aku.”
Apa wong wadon bisa lali marang bayine,
nganti ora tresna marang wohing wetengane?Sanadyan iku lali marang anake,
nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun,
tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.
Para wong kang mbangun sira bakal enggal padha teka,
dene kang padha mbubrah lan ngrusak sira bakal padha lunga.
Sira ndengengeka lan ndelenga ing sakubengira,
wong iku padha nglumpuk lan marani sira.Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,
lah iku bakal padha sira anggo dadi rerenggan,
bakal sira ubedake,kaya patrape penganten wadon.Awit papan-papanira kang samun lan sepi mamring
tuwing nagaranira kang kabubrah,saiki wus keciyuten kanggo kang padha ngenggoni kang samono kehe iku
sarta para wong kang arep nyirnakake sira bakal padha ngedoh.Malah anak-anakira kang sira kira ilang
bakal padha celathu marang sira:“Panggonan iku keciyuten kanggo aku kabeh,
mulane sumingkira, supaya aku padha bisa manggon ana ing kono!”Ing kono sira bakal mosik ing sajroning atinira:
“Sapa ta kang nglairake iku kabeh kanggo aku?Aku iki rak ora duwe anak lan gabug,sarta banjur digawa menyang ing pambuwangan lan disingkirake?
Nanging anak-anak iki sapa kang nggedhekake?Aku iki rak wus nyata katinggal ijen,nanging anak-anak iki kabeh, saka ing ngendi pinangkane?”
Mangkene pangandikane Pangeran Allah:
“Lah Ingsun bakal ngayatake astaningSun minangka pratandha tmrap para bangsalan manjer gendera-genderaningSun kanggo para suku bangsa,
iku bakal padha nggendhong anak-anakira lanang
sarta anak-anakira wadon bakal padha dipanggul.Para raja bakal padha dadi pamomongira
lan para garwane padha dadi embanira.Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi
sarta padha ndilati lebuning sikilira.
Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah,tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”Apa wong bisa ngrebut jarahan saka ing tangane wong prawira
utawa wong tawanan apa bisa luwar
saka ing tanganing wong prakosa?Lah mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:
“Tawananing wong prawira iya bisa karebut,lan jarahaning wong prakosa bisa uwal,
sabab Ingsun piyambak kang bakal nglawan wong kang nglawan sira
lan Ingsun piyambak kang bakal ngluwari anak-anakira.Ingsun bakal meksa para wong kang nindhes sira supaya padha mangan daginge dhewe,
tuwin wong iku bakal padha mendem nalika padha ngombe getihe dhewe,
kaya mendeme wong ngombe anggur anyar,iku supaya umat manungsa kabeh padha sumurup,
manawa Ingsun, Yehuwah, iku Pamartanira,sarta Juru Panebusira, Kang Mahakwasa, Allahe Yakub.”