:

Yesaya 51

Pangandika kang dadi panglipur tumrap Sion 1

Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran,

he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah!

Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah,

lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk.

2

Mawasa Abraham, bapa leluhurira,

lan Sara kang nglairake sira kabeh;

nalika Abraham ijen, Suntimbali,

banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh.

3

Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion,

nglipur sakehing jugrugane;

pasamunane kadadekake kaya patamanan Eden

lan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah.

Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena,

kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen.

4

Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa,

lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa!

Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun

tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa.

5

Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak,

pangluwaran peparingingSun bakal teka,

sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos;

pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun,

padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.

6

Mripatira arahna marang ing langit

lan mandenga marang bumi kang ana ngisor;

amarga langit sirna kayadene kukus,

bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas

tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud;

nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase,

sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.

7

Padha ngrungokna Ingsun,

he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran,

he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira!

Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa

lan aja padha kaget manawa kaala-ala.

8

Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangan

tuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel,

nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawase

sarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun.

9

Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan,

dhuh astanipun Pangeran Yehuwah!

Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina,

ing jamanipun para leluhur kala rumiyin!

Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab,

ingkang nyuduk naga ngantos pejah?

10

Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten,

toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi?

ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet,

supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?

11

Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuk

tuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak,

kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng;

kebak kabingahan lan kagirangan,

tinebihan ing kasisahan saha pangresah.

12

Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh.

Sapa ta sira iku, dene kok wedi

marang manungsa kang pancen bakal mati,

marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket,

13

nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira,

kang njereng langit lan nalesi bumi,

kok nganti sira sadina-dina tansah gumeter

wedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku,

kang rumanti arep nyirnakake?

Endi ta mulad-mulading nepsune

wong kang nganiaya iku?

14

Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran;

ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna,

sarta ora bakal kekurangan pangan.

15

Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira,

kang ngocakake sagara,

satemah gumleger rame swaraning alune. --

Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane.

16

Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira

tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun,

supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi,

sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!

17

Tangia, tangia,

ngadega, he Yerusalem,

he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwah

isining tuwung mulad-mulading bebendhune,

kowe kang wus ngombe nganti entek

isining cangkir kang mendemi!

18

Sakehing anak kang dilairake

ora ana kang nuntun dheweke

lan sakehing anak-anake kang digedhekake

ora ana knag nganthi tangane.

19

Rong prakara iki wus tumempuh marang kowe --

sapa kang bela sungkawa marang kowe?

Karusakan lan kagempuran, keluwen lan pedhang --

sapa kang bakal nglipur kowe?

20

Anak-anakmu wus padha pating gluntung tanpa daya

ana ing sakehing pepojoking dalan kaya sapi alasan kang klebu ing jaring;

padha katempuh ing panasing bebendune Pangeran Yehuwah

lan dedukaning Allahmu.

21

Awit saka iku rungokna iki, he kowe kang katindhes,

he kowe kang mendem, nanging ora marga saka anggur!

22

Mangkene pangandikane Gustimu,

Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu

kang ngembani prakarane umate:

“Lah Ingsun mundhut saka ing tanganira

tuwung dalah isine kang mendemi,

lan isining cangkir panasing bebenduningSun

ora bakal sira ombe maneh,

23

nanging iku bakal Sunparingake marang wong kang nindhes sira,

wong kang maune celathu marang sira:

Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawan

ngidak-idak awakmu!

Sira banjur mengkureb warata karo lemah

lan dadi dalan tumrap wong kang liwat ing dhuwure.”

Link: