:

Yesaya 61

Kabar karahayon marang Sion 1

Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun,

awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun;

Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara,

tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine,

ngundhangake lepasing para tawanan,

sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,

2

ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah

lan dina tumibane piwalesing Allah kita,

nglipur sakehing wong kang nandhang susah,

3

ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu,

lenga-pesta minangka liruning bagor,

kidung pangalembana minangka

gegentining jiwa kang nglentrih,

supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”,

“tanemaning Pangeran Yehuwah”

kanggo ngatonake kaluhurane.

4

Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane,

sarta ngedegake maneh panggonan-panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen;

bakal padha mbangun kutha-kutha

kang wus dadi gempuran,

panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi.

5

Para wong ngamanca bakal padha mbiyantu sira kabeh dadi pangoning wedhus-wedhusira,

sarta wong-wong bangsa liyan bakal padha dadi petaninira

lan tukang kebon ana ing pakebonanira anggur.

6

Nanging sira bakal padha kaaranan imaming Sang Yehuwah

lan bakal kasebut abdining Allah kita.

Sira bakal padha ngrasakake nikmating kasugihane para bangsa

tuwin bakal padha rumangsa mbedhedheg marga saka kehing kasugihane wong-wong mau.

7

Minangka lirune anggonira padha kawirangan tikel ping pindho,

lan minangka gegentine anggonira kacacad lan kaidonan,

sira bakal padha tampa warisan tikel loro ana ing nagaranira

tuwin bakal ngrasakake kabungahan kang langgeng.

8

Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilan

lan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan;

Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep,

sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh.

9

Turunira bakal misuwur ana ing satengahe para bangsa,

samono uga anak-putunira ana ing antarane para suku bangsa,

satemah sakehing wong kang ndeleng bakal padha ngakoni,

manawa iku turun kang padha kaberkahan dening Pangeran Yehuwah.

10

Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah,

nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun,

awit Ingsun ingageman busananing karahayon

sarta diagemi jubahing kabeneran,

kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah

tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.

11

Sabab kayadene bumi anggone metokake tetuwuhan,

lan kaya kebon kang nukulake winih kang kasebar,

iya mangkono iku anggone Pangeran Allah bakal nuwuhake kabeneran

lan pepujian ana ing ngarepe sakehing bangsa.

Link: