:
Nabi Yunus ndedonga ngucap sokur 1 Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe,
2 unjuke:
“Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwah
lajeng inggih dipun sembadani,
wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung,
Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula.
3 Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng,
inggih ing dhasaring samodra,
kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya,
sakathahing alun lan ombak Paduka
nasabi badan kawula.
4 Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka,
punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.
5 Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula,
kawula kasasaban ing samodra agung;
sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra
6 wonten ing dhasaring redi-redi.
Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi;
kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun;
ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah,
dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.
7 Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula,
kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah,
sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka
wonten ing padaleman Paduka ingkang suci.
8 Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika
sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.
9 Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka
kanthi ngucap sokur;
punapa ingkang dados punagi kawula,
badhe kawula leksanani;
kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!”
10 Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan.