:

Ayub 25

Wangsulane Bildad, ora ana wong tanpa kaluputan ing ngarsane Gusti Allah 1

Bildad, wong Suah mangsuli calathune:

2

“Pangwasa lan kaanan kang nggegirisi iku ana ing Panjenengane,

kang nitahake karukunan ana ing ngaluhur.

3

Wadya-balane apa ana kang bisa ngetung?

Lan sapa kang ora kasunaran ing pepadhange?

4

Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah?

Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?

5

Lah ta, sanadyan rembulan iya ora padhang,

sarta lintang-lintang uga ora resik ana ing ngarsane.

6

Apa maneh manungsa kang prasasat eset,

anake manungsa kang prasasat singgat!”

Link: