:
Ayub mangsuli: Sapa kang mangreti marang kamulyaning Allah? 1 Ayub mangsuli, pangucape:
2 “Becik banget anggonmu mitulungi marang wong apes,
sarta anggonmu mbiyantu wong kang tangane tanpa daya.
3 Becik banget pituturmu marang wong kang ora kadunungan kawicaksanan
lan kawruh kang kokwulangake nganti mbludag!
4 Anggonmu ngucapake tembung-tembung iku adhedhasar panemune sapa,
lan pikirane sapa kang koklairake iku?
5 Para kang wus mati padha gumeter
mangkono uga banyu dalah saisine.
6 Jagade wong mati ngegla ana ing ngarsaning Allah,
lan papaning pati iya ora ana tutupe.
7 Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung,
lan nggantung bumi tanpa canthelan.
8 Banyu kabuntel ing mendhunge,
ewasamono mendhunge ora suwek.
9 Dhampare tinutupan dadi ora kena sinawang
marga kaaling-alingan ing mendhunge.
10 Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengan
nganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng.
11 Saka-sakaning langit padha gonjang-ganjing
kaget marga saka bebendune.
12 Sagara disirepake sarana pangwasane,
sarta sarana kawicaksanane anggone nggecak marang Rahab.
13 Sarana napase langit kadadekake terang,
tuwin naga kang cukat tinuwek dening astane.
14 Lah iku kabeh mau lagi mung poncot-poncoting margine,
saiba ta lirihe sabawane kang kita rungu saka ing Panjenengane!
Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?”