Ayub 38
Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane:
“Sapa ta kang gawe petenging pepesthen
kalawan pangucap kang tanpa pamikir?
Mara rumantia dikaya wong lanang!
Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela.
Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi.
Munjuka manawa sira mangreti!
Sapa kang nemtokake ukurane --
Sira rak sumurup? --
Tuwin sapa kang menthang tali ukurane?Pilar-pilare tumancep ing ngendi
lan sapa kang masang watu pojokan,
ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengan
tuwin para putraning Allah padha asurak-surak?
Sapa kang mbendung sagara kalawan plawangan
nalika lagi kumrasak metu saka ing guwa-garba,
nalika Sunkaryakake mega minangka sandhangane
tuwin pepeteng minangka gegedhonge;
nalika Ingsun nemtokake watese,
sarta masang slarak lan lawang;
nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat,
ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak!
Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-raina
lan mrenahake bangbang wetan,
supaya padha nyekel poncoting bumi
sarta ngebutake wong duraka?
Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap,
samubarang kabeh awujud kaya busana.
Para wong duraka padha kailangan pepadhange,
tangan kang kaacungake katugel.
Apa sira wus bisa tumurun nganti tekan ing etuking sagara
lan wus ndlajahi dhasaring samodra-raya?
Apa gapuraning pati wus padha katon marang sira
sarta apa sira wus ndeleng lawanging teleng palimengan?
Apa sira mangreti jembaring bumi?
Caritakna, manawa sira wus nyumurupi iku kabeh!
Ana ing ngendi dalan kang anjog ing papan padununganing pepadhang,
lan ana ing ngendi prenahe pepeteng,
supaya sira banjur bisa mrenahake ana ing wewengkone dhewe-dhewe
lan nyumurupi dalan-dalan kang anjog ing padunungane?
Mesthine sira wus sumurup, amarga nalika samana sira wus lair,
lan wus akeh cacahing dinanira!
Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatane salju,
sarta apa wus ndeleng parawatane udan krikil,
kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan,
kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang?
Ana ing ngendi dalane menyang ing papan sumebaring pepadhang,
lan papan pencaring angin ing salumahing bumi?
Sapa kang karya ilen-ilening udan deres
lan dalan kanggo kilating gludhug,
supaya tanah kang ora dienggoni ing wong
lan ara-ara kang suwung padha kodanan;
sarta supaya pasamunan lan tanah kang ludhes padha kawaregan
apadene suket-suket padha thukul seger?
Apa udan iku ana bapakne?
Sarta sapa kang nganakake tetesing ebun?
Es iku metu saka ing guwa-garbane sapa,
lan ebun kang njendhel ing langit iku sapa kang nglairake?
Banyu njendhel nganti kaya watu,
lan lumahing samodra dadi atos.
Apa sira bisa mbundheli talining lintang Wuluh,
lan nguculi bebandaning lintang Wluku?
Apa sira bisa ngetokake lintang Bima Suci ing kala mangsane,
lan nuntun lakune lintang Prau saanak-anake?
Apa sira nyumurupi pranataning langit
sarta netepake anggone mrentah ana ing bumi?
Apa sira bisa ngulukake swaranira nganti tekan ing mega,
temah sira banjur kebanjiran?
Apa sira bisa nglepasake kilat, temah padha samber-samberan
kalawan calathu marang sira: Sandika?
Sapa kang ndunungake kawicaksanan ana ing mega
utawa sapa kang paring budi marang mendhung?
Sapa bisa ngetung mendhung kalawan kawicaksanan,
lan sapa kang bisa nyuntak ejuning langit,
nalika lebu njendhel dadi logam
tuwin prongkalan lemah padha lelengketan dadi siji?
(39-1) Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon,
lan bisa maremake marang singa enom,
(39-2) manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwane
manawa padha ndingkik ana ing grumbulan?
(39-3) Sapa kang nyawisake pakaning gagak,
manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah,
padha klambarangan marga ora ana pangan?