Ayub 39
(39-4) Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak,
utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?
(39-5) Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng
sarta apa bisa nyumurupi ing eleke?
(39-6) Anggone nglairake anake, kalawan njengking
lan banjur ngetokake isining guwa-garbane.
(39-7) Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara,
padha lunga lan ora bali marang embokne.
(39-8) Sapa kang ngumbar kuldi alasan,
utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara?
(39-9) Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane
lan tanah asin dadi pasabane.
(39-10) Ramening kutha dipoyoki,
ora krungu swarane kang nggiring;
(39-11) banjur golek pangonan ing gunung-gunung,
lan ngluru samubarang kang ijo.
(39-12) Apa bantheng gelem teluk marang sira
utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?
(39-13) Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan,
utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?
(39-14) Apa sira pracaya, marga gedhe karosane?
Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?
(39-15) Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira,
lan nglumpukake ing papan panutonira?
(39-16) Manuk unta kekablak kalawan bungah
nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan?
(39-17) Awit endhoge ditinggal ing lemah,
lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen,
(39-18) nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil,
lan kailes-iles ing kewan alasan.
(39-19) Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe;
sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli,
(39-20) amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah
lan ora dipandumi pangreten.
(39-21) Manawa kekablak kalawan gumunggung.
banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.
(39-22) Apa sira kang aweh karosan marang jaran?
Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?
(39-23) Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang?
Panggabere kang nggegirisi medeni.
(39-24) Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira,
anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan.
(39-25) Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi
apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.
(39-26) Endhong panah kamrincing ing sadhuwure,
tumbak lan towok pating cleret.
(39-27) Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah,
sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;
(39-28) ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake;
lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang,
bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.(39-29) Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung
kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?
(39-30) Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul
lan nusuh ing panggonan kang dhuwur?
(39-31) Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang,
ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.
(39-32) Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane,
matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;
(39-33) anake padha ngokop getih
lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”