Ayub 41
(40-20) “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing,
utawa njiret ilate nganggo tali?
(40-21) Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge,
utawa nyublesake gantholan ing uwange.
(40-22) Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira,
utawa bisa calathu alus marang sira?
(40-23) Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira,
temah banjur sira dadekake batur ing salawase?
(40-24) Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk,
sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?
(40-25) Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak,
utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang?
(40-26) Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok,
utawa endhase kalawan cempuling?
(40-27) Tanganira sira tumpangna ing endhase!
Elinga marang anggone tarung! --
Sira ora bakal nindakake mangkono maneh!(40-28) pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi.
Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk.
(41-1) Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku,
lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?
(41-2) Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet?
Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.
(41-3) Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku,
bab karosane lan endahing pawakane.
(41-4) Sapa kang bisa mbukak jubahe?
Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?
(41-5) Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme?
Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.
(41-6) Gigire awujud tameng-tameng kang santosa,
kang kraket rapet kaya segel.
(41-7) Siji lan sijine gandheng rapet
nganti ora bisa klebon angin;
(41-8) kang siji kelet karo sijine
cathok-cinathok ora kena kapisah.
(41-9) Samangsa wahing metu sunare,
matane kaya pletheking bangbang wetan.
(41-10) Cangkeme metu obore,
lan nyemburake geni kang pating pletik.
(41-11) Lenging irunge metu kukuse
kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.
(41-12) Ambekane ngobong areng,
cangkeme metu genine.
(41-13) Githoke kadunungan kakuwatan,
pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.
(41-14) Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket.
kraket ing awake ora glembyar-glembyor.
(41-15) Atine atos kaya watu,
atose kaya watu landhesaning panggilingan.
(41-16) Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter
dadi bingung jalaran wedi.
(41-17) Manawa dipedhang
ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.
(41-18) Wesi dirasa kaya dami,
tembaga kaya kayu gapuk.
(41-19) Panah ora bisa nglungakake,
bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.
(41-20) Gada dianggep merang
sarta sumiyuting towok digeguyu.
(41-21) Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip,
manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.
(41-22) Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil,
sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.
(41-23) Tabeting lakune sumunar,
satemah samodra kakira uwan dening wong.
(41-24) Ing salumahing bumi ora ana kang madhani,
iku makhluk kang ora kadunungan wedi.
(41-25) Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku,
iku dadi ratune sakehing kewan galak.”