Ayub 40
(39-34) Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:
(39-35) “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa?
Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”
(39-36) Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:
(39-37) “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka?
Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.
(39-38) Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih;
malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”
(40-1) Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene:
(40-2) “Mara rumantia dikaya wong lanang;
“Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan.
(40-3) Apa sira arep ngorakake pangadilaningSun
nyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe?
(40-4) Apa tanganira kaya astaning Allah,
lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane?
(40-5) Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran,
sira ngrasuka kaagungan lan prabawa!
(40-6) Esokna nepsunira kang mulad-mulad;
awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna,
(40-7) awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna.
Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!
(40-8) Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu,
kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,
(40-9) temah Ingsun bakal ngalembana marang sira,
amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”
(40-10) “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira.
Iku mangan suket kaya sapi.
(40-11) Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge
kakuwatane kang ana ing ototing wetenge!
(40-12) Anggone ngencengake buntute kaya wit eres,
otot-ototing pupune bebuletan,
(40-13) Balung-balunge kaya pipa tembaga,
ragangane kaya lantakan wesi.
(40-14) Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah,
makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;
(40-15) gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane;
kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.
(40-16) Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate,
ingaling-alingan ing glagah lan rawa.
(40-17) Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane,
sarta ingubengan ing wit truntum.
(40-18) Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter;
sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme,
atine iya enak-enak bae.(40-19) Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”