:

Hosea 14

Bab pamratobat lan prajanji 1

(14-2) He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,

dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.

2

(14-3) Padha ngaturna kaduwungmu,

sarta mratobata marang Sang Yehuwah,

munjuka marang Panjenengane:

“Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan,

ingkang sae mugi lajeng kaparingna,

nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.

3

(14-4) Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya;

kawula boten badhe numpak kapal,

saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula!

dhateng dedamelaning tangan kawula,

margi Paduka ngasihi lare lola.”

4

(14-5) Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade,

lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih,

marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.

5

(14-6) Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel,

dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung,

lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.

6

(14-7) Pang-pange padha sumrambah,

sarta endahe kaya wit jaitun,

lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.

7

(14-8) Wong-wong mau bakal padha bali

lan manggon ing pangayomaningSun,

lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum;

sarta bakal padha kembang kaya wit anggur,

kang misuwur kaya anggur ing Libanon.

8

(14-9) Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun?

Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira!

Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo,

saka Ingsun anggonira oleh woh.

Panutup 9

(14-10) Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh;

sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku;

marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng,

lan diambah dening para wong mursid,

nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono.

Link: