:

Yoel 1

Bebuka 1

Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Yoel bin Petuel.

Wewelak walang minangka paukuman 2

He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna,

he, para wong isine nagara, padha nilingna!

Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu

apa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki?

3

Anak-anakmu padha critanana lelakon iku,

nuli anak-anakmu genten konen nyritakake marang anak-anake,

lan putumu iya nyritanana marang turune

4

Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan,

lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat,

sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.

5

He, para wong mendem, tangia lan nangisa!

He, para wong kang karem anggur, marga saka anggur anyar, padha ngadhuh-adhuha,

amarga anggur iku wus dirampas saka ing cangkemmu.

6

Dene ana bangsa kang nglurugi nagaraku,

bangsa kang kuwat lan tanpa wilangan cacahe,

untune kaya untu singa,

lan siyunge kaya siyung singa wadon.

7

Witku anggur padha karusak,

lan witku anjir padha dikethoki,

dikletheki lan dirubuhake,

sarta pang-pange padha dadi putih.

8

Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor,

marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.

9

Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilang

saka ing padalemane Sang Yehuwah;

para abdine Pangeran Yehuwah,

yaiku para imam, padha susah.

10

Pategalan wus rusak,

bumi ngenes,

awit gandume wus sirna

anggure wus garing,

lengane wus nipis.

11

Para wong tani padha kisinan,

para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh,

marga saka gandum lan sair,

awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.

12

Wite anggur wus garing

lan wite anjir wus alum,

mangkono uga wite delima,

wite kurma lan wite apel,

sarupane wit ing ara-ara wus padha garing.

Sanyata, kabungahan sirna

oncat saka para anaking manungsa.

13

He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata,

he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha,

he, para Gusti Allahku,

pada lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor,

dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan

kurban dhaharan lan kurban unjukan.

14

Padha ngundhangna puwasa kang suci,

nganakna parepatan agung,

nglumpukna para tuwa-tuwa,

dalah sakehe wong isine nagara

ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu

lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.

15

Adhuh bilai dina iku,

dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah,

tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa.

16

Ing ngarepe mripat kita,

rak wus sirna sakehe pangan,

kabungahan lan surak-surak

saka ing padalemane Gusti Allah kita?

17

Winih-winih padha garing ana ing jero lemah,

lumbung-lumbung wus padha resik gusis,

gudhang-gudhang wus padha ambruk

marga gandume wus entek.

18

Kaya apa panjeriting kewan-kewan,

pepanthan sapi padha bingung,

marga wus ora ana pangonan maneh,

uga wedhus-wedhuse padha kontrang-kantring.

19

Dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang kawula sambati,

awit pangenan ing ara-ara,

sampun kamangsa ing latu ngantos telas.

Urubing latu sampun nggosongaken

sakathahing wit-witan ing ara-ara.

20

Dalasan sato-kewan ing ara-ara

ugi sami sesambat dhateng Paduka,

margi lepen-lepen sampun sami asat,

sarta pangenan ing ara-ara

sampun kamangsa dening latu.

Link: