:
Bab uripe wong mursid lan uripe wong duraka 1 Rahayu wong
kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka,
lan ora ngambah dalane wong dosa
sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,
2 nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah,
lan digilut-gilut rina wengi.
3 Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali,
kang metokake woh ing kalamangsane,
lan ora alum godhonge,
apa bae kang ditandangi mesthi lestari.
4 Ora mangkono mungguh wong duraka,
nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.
5 Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing ngarsane pangadilan,
mangkono wong dosa ana ing pakumpulane para wong mursid;
6 amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid,
nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.