:
Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah 1 Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten,
lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?
2 Para raja ing bumi padha siyaga ing perang
lan para panggedhe sakuthon
arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:
3 “Payo padha medhot dhadhunge
lan mbuwang kendharate.”
4 Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng,
Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.
5 Nuli padha didhawuhi kalawan bendu
lan digirisake kalawan bramantyane:
6 “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun
ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”
7 Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah;
pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun!
Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.
8 Sira nyenyuwuna marang Ingsun,
mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira,
lan pungkasaning bumi dadi darbekira.
9 Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi,
bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”
10 Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana;
para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!
11 Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering;
lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,
12 supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan,
amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad.
Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!