:

Jabur 100

Ngluhurna Gusti Allah ana ing padalemane 1

Masmur kanggo kurban atur panuwun.

He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah.

2

Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,

padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!

3

Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah,

Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane,

umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.

4

Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane,

lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana,

ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.

5

Amarga Pangeran Yehuwah iku becik,

sih-kasetyane iku kanggo ing salawase,

lan kasetyane lestari turun-tumurun.

Link: