:
Nadaring ratu 1 Masmur anggitane Prabu Dawud.
Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger,
kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah.
2 Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad:
Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula?
Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik
wonten ing griya kawula.
3 Kawula boten badhe manah
dhateng prakawis ingkang awon,
pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti,
boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.
4 Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula,
kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon.
5 Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun,
punika badhe kawula tumpes,
tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun,
punika kawula boten remen.
6 Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari,
supados sami manggen nunggil kaliyan kawula.
Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun,
punika badhe ngladosi kawula.
7 Tiyang ingkang lampah culika
boten badhe manggen ing griya kawula,
sinten ingkang dora-cara
boten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula.
8 Saben enjing kawula badhe numpes
sakathahing tiyang duraka,
ingkang wonten ing nagari;
sakathahing tiyang ingkang lampah awon,
badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.