Jabur 102
Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
(102-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.
(102-3) Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula
ing dinten karubedan kawula.Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula;
manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!(102-4) Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus,
balung kawula sami mengangah kados prapen.
(102-5) Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput,
ngantos kawul kasupen nedha roti kawula.
(102-6) Margi saking pasambat kawula ingkang sora
kawula ngantos kantun lunglit.
(102-7) Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun,
saha peksi beluk wonten ing jugrugan.
(102-8) Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksi
kepencil wonten ing payon.
(102-9) Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula,
tiyang ingkang sami damel dolanan kawula
supaos kaliyan nyebut nama kawula.(102-10) Awit kawula nedha awu kadosdene roti,
saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.
(102-11) Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka,
kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar.
(102-12) Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang,
saha kawula piyambak alum kados rumput.
(102-13) Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun,
sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.
(102-14) Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion,
amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih,
sampun dumugi ing wancinipun.(102-15) Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun,
sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.
(102-16) Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah,
sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane,
(102-17) manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion
lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane
(102-18) sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan,
sarta ora ngremehake marang pandongane.
(102-19) Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe,
temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,
(102-20) awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur,
sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi,
(102-21) prelu miyarsakake pasambate wong tahanan,
tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,
(102-22) supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion,
tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,
(102-23) samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk,
padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.
(102-24) Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan,
lan umurku dicendhakake.
(102-25) Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula,
Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula!
Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”(102-26) Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi,
saha langit punika yasanipun asta Paduka.
(102-27) Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun,
tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge,
lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,(102-28) nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir,
saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.
(102-29) Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem,
saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka