:
Sang Yehuwah iku jumeneng dadi pangayoman 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud.
Aku ngayom marang Sang Yehuwah,
kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku:
“Mabura menyang gunung kaya manuk!”
2 Awit delengen, wong duraka padha menthang gandhewa,
panahe dietrapake ing sendheng,
sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng.
3 Samangsa tetalese padha dibubrahi,
wong mursid iku bisa nindakake apa?
4 Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci;
Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga;
tingale maspadakake,
kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.
5 Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan wong duraka,
lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras.
6 Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang;
angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.
7 Amarga Sang Yehuwah iku adil;
remen marang kaadilan:
wong kang burus atine bakal nyawang wedanane.