:
Pandonga nyuwun pitulungan marga saka anane wong culika 1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud.
(12-2) Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid,
tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.
2 (12-3) Rambagipun sami apus-ingapusan,
wicantenipun mawi lambe lamis, mawi manah rangkep.
3 (12-4) Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis
lan ilat kang umuk-umukan,
4 (12-5) yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang!
Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”
5 (12-6) Jalaran wong kang ringkih padha katindhes,
lan marga saka pangrintihe para wong mlarat
Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah,
sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.
6 (12-7) Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni,
kayadene selaka kang binesot,
rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.
7 (12-8) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi,
kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.
8 (12-9) Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana,
samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa.