:

Jabur 110

Jumenenge Ratu-Imam 1

Masmur anggitane Prabu Dawud.

Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten:

“Sira lenggaha ana ing tengeningSun,

nganti tumeka mungsuhira

wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”

2

Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion;

Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!

3

Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen;

saking guwa-garbaning bangbang wetan

kaaneman Paduka medal kados ebun.

4

Pangeran Yehuwah sampun supaos,

sarta badhe boten keduwung:

“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase

manut tatanane Melkisedhek.”

5

Pangeran wonten ing tengen Paduka,

ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun;

6

Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang.

Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar.

7

Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen,

temah ndengengekaken mastakanipun.

Link: