:
Kasaenane Gusti Allah 1 Haleluya!
Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku,
ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan.
2 Pakaryane Sang Yehuwah iku agung,
patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.
3 Pakaryane iku agung lan mulya,
tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.
4 Kaelokane wus didadekake pangeling-eling;
Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.
5 Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan,
prajanjiane diengeti ing salawase.
6 Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate,
padha diparingi tanah pusakane para bangsa.
7 Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan,
sakehing prentahe iku padha kena diugemi,
8 salawas-lawase lan ing sateruse kukuh,
katindakake kalawan bener lan jujur.
9 Umate pinaringan pangentasan,
Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase,
asmane iku suci sarta nggegirisi.
10 Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan,
sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang.
Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.