:
Lelakon kang elok, nalika Israel metu saka ing tanah Mesir 1 Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir,
nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,
2 nuli Yahuda dadi papan pasucene,
Israel dadi wewengkoning pangwaose.
3 Segara weruh banjur lumayu,
bengawan Yarden bali mandhuwur,
4 gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang,
tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.
5 He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu?
He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,
6 he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang?
He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe?
7 Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran,
ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub,
8 kang ngowahi parang dadi blumbang,
tuwin watu kang atos dadi sendhang.